Beberapa waktu yang lalu Kang WS (yang asli Sunda itu), ngirimin saya email berbahasa Jawa - Suroboyoan. Entah dari mana dapatnya dan apakah yang bersangkutan ngerti apa enggak, ya ? atau karena nggak ngerti lantas di forward kan langsung ke saya.
Hmmm....lucu punya deh....
Berikut percakapannya, antara polisi dan maling di kota Surabaya :
Pulisi : " Kowe maling spesialis? Apa spesialis maling? "
Maling : " Kula maling spesialis. "
Pulisi : " Spesialis nyolong apa? "
Maling : " Komputer. "
Pulisi : "
Maling : "
Pulisi : " Dadi kowe maling spesialis monitor? "
Maling : " Enggih, leres. "
Pulisi : " Maling guoblooooggg.... nyolong kok monitor. "
Maling : " Lha, pripun ta, Pak? "
Pulisi : " Sing larang kuwi CPU, dudu monitor! "
Maling : " Boten wantun nyolong CPU. "
Pulisi : " Sebabe? "
Maling : " Ajrih kecepeng. Nyolong monitor 99 lolos. Nyolong CPU sepisan, jebul kecekel tenan. "
Pulisi : " Padha wae, nyolong monitor utawa CPU nek ora konangan, ya slamet. "
Maling : " Benten, pak. Nek nyolong CPU mesthi mawon konangan. "
Pulisi : " Mergane? "
Maling : " CPU dipasangi intel, lha niku onten tulisane 'intel inside'. "
Pulisi : " Ooooo... pancen maling goblog tenan. "
Maling : " Kula pancen maling, ning boten goblog. Maling ngati-ati. "
Pulisi : " Ngati-ati kok kecekel. "
Maling : " Lha nggih niku. Gara-gara nyolong CPU. Niyate nggih nyolong monitor, ning jebul monitore dicopot kantun CPU. Ketimbang nglanthung, CPU kula colong. "
Pulisi : " Kuwi jenenge maling apes. "
Maling : " Mboten apes, kok. CPU kula colong, intel sing teng lebet CPU lapur atasane.... lha njur kula digropyok bapak-bapak pulisi niki wau. "
Pulisi : " Kancamu bakul sate, ya? "
Maling : " Enggih, leres. Kok ngertos? "
Pulisi : " Intel jeron CPU sing kok colong mau lapur aku......"
Maling : " Lhaaaa.... enggih, ta Pak? Leres ta, Pak? Kula boten bodho, tur tliti sebelum mencuri, ta Pak? "
Pulisi : " Dhapurmuuuuuu.....!!!!!! "
Salam,
HJK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar