Selasa, 29 April 2014

Nenek dan tukang Becak



Nenek Diwud mau pulang naik becak, lalu ia mulai menawar ongkos becak disekitar Jl.Slamet Riyadi Semarang.

Nenek : "5 ewu nggih, pak?".
Tk Becak : "Oooohh mboten saget, 10 ewu".
Nenek : "moohh, 5 ewu wae ya!".
Tk Becak : "dereng saget, nek sedoso nggih kulo purun".

Tawar menawar agak alot.
Akhirnya si nenek menyerah.

Sambil jengkel "nggih pun, tak bayar 10 ewu, ning ra' tak kandani omahku, golek ono dewe !!!

Jumat, 18 April 2014

Mente



Cak Karwo sing lagek ae pindah omah dolan nang tonggo sebelah, Mbah Imam.

Cak Karwo : "Mbah, yok opo kabare? Aku Karwo Mbah,tonggo sebelah.
Mbah Imam : "Oh.., ayo lungguh nak."

Pas ngobrol, nang mejo ono kacang mente. Sak toples.

Cak Karwo "Mbah, aku ngincipi mente ne yo?"
Mbah Imam: "Oh iyo, jupuken ae."

Sangking enake ngobrol, gak kroso Cak Karwo wis ngentekno mente sak toples mau.

Cak Karwo: "Wah Mbah, mente ne entek. Sepurane yo Mbah."
Mbah Imam: "Gak opo opo le. Aku yo gak iso mangan koq. Untu ku wis gak kuat nyokot. Syukuran iso entek. Aku wis suwi ngelumpukno iki."

Cak Karwo: "Oo.... nggawe dewe ta Mbah?"
Mbah Imam: "Gak koq..., iku teko coklat Silverqueen. Tak emut sampek entek coklate... Garek mentene tok tak klumpukno..." Yo iku mentene.

Rabu, 09 April 2014

Serba-serbi pengalaman Kakek pasca Gunung Kelud Meletus


Di lokasi klinik posko tanggap darurat "Abu", Seorang Kakek ikut antre u/ priksa krn sesak napas.

Nyuwun sewu bu dokter Ana, dada kula seseg, nggih ambegan angel. "sambate Kakek karo nyermimih.

"Oooww.. "bu dokter Ana kalem mangsuli.
Kakek :Kadose kula kenging inpeksi saluran pernapasan akut.

Dr :"Oooww... "
Kakek :"Kagem bernapas angilll sanget.. Raosee dados kesel ambegan..

" Cobi sakniki tutupe rai niku dibukak.. !"
Kakek gage-gage nyopot tutup raine..

"Wehh.. Kok dadi lancar nggo ambegan?! Genea gmpang tambane nggih Bu dokter..!" seru sang Kakek bungah.
Bu dokter Ana ora mangsuli, ning mbacutke lee takon "Nyuwun sewu, wau tutupe rai niku angsal seking pundi mbah?"

"Seking posko! Lha nunggu antrean dangu, kula njur mbrobos tenda mendet dewe, angsal kongoten niku.

Dr :"Ooww..mbah, sanes wekdal tutup raine ngangge niki nggih Mbah " ujar dokter Ana karo mbenehi masker "Tutup rai sing simbah agem niku wau jenenge pembalut wanita!" Dados nek di enggih teng rai nggih SUMPEG