Rabu, 09 April 2014

Serba-serbi pengalaman Kakek pasca Gunung Kelud Meletus


Di lokasi klinik posko tanggap darurat "Abu", Seorang Kakek ikut antre u/ priksa krn sesak napas.

Nyuwun sewu bu dokter Ana, dada kula seseg, nggih ambegan angel. "sambate Kakek karo nyermimih.

"Oooww.. "bu dokter Ana kalem mangsuli.
Kakek :Kadose kula kenging inpeksi saluran pernapasan akut.

Dr :"Oooww... "
Kakek :"Kagem bernapas angilll sanget.. Raosee dados kesel ambegan..

" Cobi sakniki tutupe rai niku dibukak.. !"
Kakek gage-gage nyopot tutup raine..

"Wehh.. Kok dadi lancar nggo ambegan?! Genea gmpang tambane nggih Bu dokter..!" seru sang Kakek bungah.
Bu dokter Ana ora mangsuli, ning mbacutke lee takon "Nyuwun sewu, wau tutupe rai niku angsal seking pundi mbah?"

"Seking posko! Lha nunggu antrean dangu, kula njur mbrobos tenda mendet dewe, angsal kongoten niku.

Dr :"Ooww..mbah, sanes wekdal tutup raine ngangge niki nggih Mbah " ujar dokter Ana karo mbenehi masker "Tutup rai sing simbah agem niku wau jenenge pembalut wanita!" Dados nek di enggih teng rai nggih SUMPEG

Tidak ada komentar:

Posting Komentar